Langsung ke konten utama

KITAB TOPAH

Punika serat kino mengku piwulang kabatosan kautamaning gesang

Pengarangipun sampun boten kasumerepan. Kulo babar murih boten ical tanpa lari. Kanggen nambahi kathahing serat-serat Jawi. Sinten sumerep yen ing tembe wingking wonten pigunanipun.

Ingkang ngedalaken :

Penerbit “Soemadidjojo Hadiningrat

Cetakan Kapisan

1957.





KITAB TOPAH

Pupuh I
DHANDHANGGULA

1. Kitab Topah winedhar ing jawi, amrih gampil wau ingkang lapal, miwah ta ing surasane, sakehe kang angrungu, miwah ingkang amaca tulis, sami
sinimpen manah, agung sawabipun, sakathahe pra sujanma, ingkang sami ngawruhi rasane ngati, sami den apalena.
2. Ri sampunune ngandika Seh Ngali, arsa nerangaken lapalipun, langkung kathah maknane singgih, mesi rasa surasa, surasane ngelmu, kang bangsa
ngelmu tarekat, atanapi kang ngelmu kakekat tuwin, makrifat kang minulya.
3. Angandika Seh Bagendha Ngali, duk anurat medhar Kitab Topah, kalawan sih nugrahane, ing Hyang Kang Maha Luhur, atanapi mami, inggih Nabi
Mohammad, ya Rasulullahu, pangidhep umat sadaya, aneng donya miwah ing akerat ugi, prapteng ari kiyamat.
4. Satuhune anane Hyang Widi, Maha Suci datan warna rupa, tan owah gingsir anane, sawusira awujud, datan owah ananireki, duk dereng wonten asma
teteping Hyang Agung, duk meneng lan dhewekira, ananing Hyang ing mangke kadya ing nguni, langgeng tan kena owah.
5. Nging sipate Hyang awarni-warni, beda-beda tanpa wiwilangan, dadya aling-aling kabeh, katon aweh pituduh, datan mulat ingkang sejati, kandheg
ing warna rupa, tingale abawur, datan weruh jatinira, dadya bingung kesasar ing ndalem margi, tan wruh ing marganira.
6. Ingkang weruh tuduh kang sejati, nora kewran aneng ing dedelan, dene wus wruh pitedahe, salire kang kadulu, katingalan rupa sejati, lan
kandheg warna rupa, rupane dinulu, dinulu jroning paesan, rupa jati katingal rupa majaji, nyata neng priyangga.
7. Priyanggeku weruh ing sejati, nora weruh mangke ananira, dene ngadam sejatine, ing rohe dewekipun, nanging lawan ingkang ndarbeni, ya dhewe
ananira, wangsul solahipun, datan darbe polah dhawak, nanging lawan polahe ingkang ndarbeni, priyangga ananira.
8. Sakathahe saliring dumadi, nora sepi saking ananing Hyang, tan kajaba sakabehe, saking wujud Hyang Agung, kawimbuhan sadaya sami, saengga
ingkang sadrah, datan ana suwung, sadaya pan kawimbuhan, sadurunge gumelar jagad dumadi, miwah sawuse ana.
9. Lawimbuhan ing sawiji-wiji, saderengira jagat gumelar, dene wus nyata anane, sadurunge awujud, wus pinethi ing ndalem ngelmi, sawuse karit
tunggal, kawimbuhan iku, dene kodrat lan iradat, miwah ngelmu ing mangke kadya ing nguni, aNANE NORA BEDA.
10.Angandika Seh Bagendha Ngali, andarbeni anane Hyang Suksma, martabat pitu anane, kang satunggil lut kayun, tegesipun martabat sepi, takjunani
drung ana, ga’ib ananipun, ingaranan dat kang mutlak, pan Kun ning Hyang datan ana wong meruhi, nadyan Nabi Molekat.
11.Malaekat kang musabah sami, tan tuminggal ing Kun Hutangala, tan ana wruh Kun yektine, tan wonten saminipun, sipat asma pan durung lahir,
bainat durung ana, mung ing dhewekipun, winastan wujud mokal, nora katon ingayoman warna sepi, sapa wruh kuna-kuna.
12.Sapa amrih ing Kun kang sejati, apan tamtu wong iku kesasar, datan weruh ing jatine, sing sapa tuduh iku, ambedhola gunung, angasatna kang
samodra, nora manggih wong iku mring Kun sejati, iku unine Kitab.
13.Sakeh martabat nora ngungkuli, maring ing martabat akadiyat, sadaya aneng ngandhape, lan kaping kalihipun, ingaranan kadiyat jati, yeku
martabat wahdat, wiwit ana takyun, kakekat nyata madiyah, kang kasuksma ing rasane Hyang Sejati, ing jro suhud dattiyah.
14.Ing sangune pra kakekat sami, dereng pisah kalawan Hyang Suksma, maksih akumpul anane, ing ndalem kukumipun, datan beda maklum sawiji,
kasuksma ndalem wahdat, mangke makalipun, kakekat mukamadiyah, kang minangka dadya nggenipun tajali, ing ndalem ga’ibing Hyang.
15.Pan angandika Seh Muhjidini, Wali Kutup ingkang bangsa Ngarab, anut kang kitab wuwuse, anane kang sun turut, kang aluhur ya ananeki, tetep
ing alam murar, kalarat kang luhur, iya ingsun iya sira, ora kalih iya sira iya mami, ya Mohammad ya Allah.
16.Tetep anane ing awal akhir, ngelmu ngalime lawan maklumat, ora beda ing kukumne, wahedat liyanipun, sagung Ismu pan maksih tunggil, khakekat
mukamadiyah, pan maksih akumpul, dereng lahir ananira, gaibipun ing ndalem wahdat sejati, dereng pinisah-pisah.
17.Pralambange pang godhong lan uwit, pan kasuksma ndalem wiji ika, dereng pisah-pisah mangke, pan godhong wijinipun, ana angucap mangke puniki,
upama ananira, kang kocap karuhun, samangke pan winicara, upamane iya sira iya mami, ya Allah ya Muhammad.
18.Pralambange umamanya sami, tatkala ing ngadalem wahdatira, sagunge aksara kabeh, ing dalem mangsi kumpul, nora beda kurup sawiji, mangkana ta
ing wahdat, ing pralambangipun, sagunge pangucap ika, ing lahire iya sira mami, dereng apisah-pisah.
19.Ping tigane den sami ngawruhi, ing dalem martabat wakidiyat, ing takyun sami enggone, pangawruhe Hyang Agung, ing datira iku pribadi, miwah
ing sipat asma, mangkana ing takyun, sadaya tan pisah-pisah, sakathahe maklimat apan sun pesthi, ing ndalem ngelmuning Hyang.
20.Datan kena angucap lir uni, ing martabat wachadiyat ika, dene wus pesthi anane, sawiji-wiji maklum, datan iku ingkang ngawali, kadya ing
ndalem wahdat, kukume Hyang Agung, ing martabat wakidiyat, wus pinesthi maklum denira Hyang Widi, beda ing ndalem wahdat.
21.Sagunge maklum ing dalem ngelmi, iya iku aran takyun awal, kang awal iku anane, mijil saking latakyun, metu saking karsa kang ga’ib, tetep
aneng ngayunan, kalarat kang luhur, kang aran kurup ngaliyah, ingkang tetep ing ndalem wahdat sejati, atas dadalan mutmal.
22.Upamane lir akyan kang sabit, pan kang karit anut wurunira, suhud anane sabite, kang aneng ndalem ngelmu, tan sulaya warnane sami, saengga
warnanira, lir tunggal sawujud, tunggale tan kena tunggal, akyan sabit kalawan akyan kang karit, tan kena pinisaha.
23.Akyan sabit lan akyan kang karit, dennya lawan tajalinireng Hyang, nyata ing akyan jatine, dat sipating Hyang Agung, datan ana kalingan sami,
ndarbeni kunbainat, nyata iku tuduh, ing anane Hyang kang Mulya, ingkang sampun oleh pituduh Hyang Widi, tan samar ing paningal.
24.Sapa wonge iku andarbeni, iya paningale karijiyah, tunggal lawan khakekate, luwih luhure suhud, paningale maring Hyang Widi, iku mulyane
drajat, suhude wong iku, sing sapa arsa tumeka, tatakona ingkang sampun ngaji pati, dumadi tan sulaya.
25.Tuduhipun kang ndarbeni tulis, yen arsa tumeka ing Hyang Suksma, yun ngawruhi sarirane, iku gegentenipun, aja pegat dennya ngalingling,
satingkah paripolah, tan ana lyanipun, sayogya prihatin lampah, yen wus yekti tan ana prabedaneki, mungguh wong ahlul wahdat.
26.Iya tunggal pan jatine urip, dipun nyata wekasane tunggal, anyipta’a ing cermine, jenenge tunggal iku, datan ana iku kakalih, sasmitane
cangkriman, marmane keh kerup, lan malih jatine rasa, kasamaran idhepe pan salah tampi, den kira iku iya.
27.Ulatane reke den kapanggih, pan anane kering lawan kanan, tanapi luhur ngisore, tan wonten ngajeng pungkur, ulatana dipun kapanggih, den
yekti ingkang ana, den awas andulu, pan jati ana ing sira, den waspada tingale ingkang sejati, nyata sapolahira.
28.Angandika satengah wong supi, satuhune akyan karijiyah, anut kang aneng dheweke, akyan kang karit iku, datan siwah anairei, kadya Wisnu lan
Kresna, ing pralambangipun, lir kumandhang lan suwara, tunggilipun tan kena tinunggil jati, tunggal tan kena tunggal.
29.Angandika wong kang ahlul ngelmi, satuhune kang akyan sabitah, kadim tabihi arane, anut kadime ngelmu, datan kena pisah mengkoni, anut kadime
ngedat, tan prabeda iku, sangune kang amujud dat, datan kena pisaha kadime sami, edat kalawan sipat.
30.Upamane maklum tanpa ngelmi, kadya ngelmi kang tanpa maklumat, lir ngelmi tan ana date, mokal ta jenengipun, mangka ana akyan kang sabit, tan
lawan ngelmuning Hyang, anane puniku, kadya sipat lawan edat, datan kena pisaha kadime sami, edat kalawan sipat.
31.Satengahe wong ahlul supi, amastani yen akyan sabitah, anyar puniku tandhane, anane anyaripun, ing anyare akyan kang karit, dene maklumat
anyar, anut maklumipun, mulane winastan anyar, wus mastani ingkang ngiket insankamil, anut kang kinawruhan.
32.Anut ing anyare akyan karit, yekti ana maklumat punika, sadurunge karit, yekti ana maklumat punika, sadrunge kari anane, mila ing sawusipun,
mangkya angling Seh Yusup aris, amiwah Seh Mohammad, sing sapa wong iku, mastani puniku anyar, maksih mentah pan iku ngajiya maning, yeku
wong maksih bakal.
33.Satengahe ana kang mastani, nora kadim reke nora anyar, dene tan wujud anane, ing ndalem karitipun, datan ana liyane iki, kang kadim lan kang
anyar, kang karit puniku, marmanipun tan ingaran, akyan sabitah tan anyar nora kadim, dene tan karijiyah.
34.Ingaranan wujud ingkang sabit, saking ing roh ngelmune Hyang Suksma, dene weruh ing ngelmune, winastan ismu iku ngadam, ing roh dhewekipun,
apa kersane Hyang Suksma, ingaranan istidat acawi-cawi, ing karsane Hyang Suksma.
35.Dene maklumat ing ndalem ngelmi, lawan maklumat ing ndalem ajal, sadereng kartit anane, anyar khakekatipun, dena ana akyan kang karit,
tersandha mring khakekat, anane puniku, ingaran akyan sabitah, dene apan aneng ngelmi, mangkana wuwusira.
36.Mukmin iku reke pan kalih, kang satunggil winastan jariyah, dene wong supi anane, wujud ing ndalem ngelmu, kinawruhan ing ndalem ngelmi,
kaping kalihe ngadam, anane puniku, tan weruh ing ananira, ngadam iku jatine nora ngawruhi, dene iku tan ana.
37.Dadya sidik ingkang amastani, mring sakehe akyan karijiyah, saking ora pinangkane, bener ujar puniku, lan netepi ingkang mastani, pan tetep
tinetepan, pinangkane iku, sayekti tunggal pinangka, tingalira sampun angawruhi wangsit, kang ana mring ana.
38.Iya iku tingale utami, mungguhing wong kang ahlul khakekat, tingal kang tekeng jatine, ing wong kadya ing dangu, tan sulaya rupane sami, lir
aneng ing maklumat, angucap wong luhur, dhingin ingsun pan wus ana, sadurunge gumelar jagat dumadi, aran ndalem ngayunan.
39.Angandika wong kang ahlul supi, khakekate amaujud edat, iku rupane maklume, kang aneng ndalem ngelmu, ing tingale tekeng ing budi, de
ngelmune tan ana, tan kalawan maklum, tan kena iku pinisah, marmanipun ingaran akyan kang sabit, tetep ing ngelmuning Hyang.
40.Kadime dat sipating Hyang Widi, datan kena iku pinisahna, dene tunggal sejatine, mangkya maklumat iku, datan kena pisah lan ngelmi, lir sipat
kalawan dat, upamane iku, mangka akyan sabitah, datan kena pisaha kalawan ngelmi, lir sipat kalawan dat.
41.Wus anyegah wong kang ahlul ngelmi, yen kadime reke dhawak-dhawak, pan wilangan satemahe, kadime sipat iku, yekti ana bangsa ilapi, lan
dhewek-dhewekira, kadime Hyang agung, wenang yen ta mangkonoa, yekti ana anane Hyang kang sejati, ilang jenenging Hesa.
42.Ri sampune sami angawruhi, ing martabat kang tigang prakara, kang wus kawingking tuture, yogja sami yus weruh, kang sakawan martabat karit,
arwah minsan ajean, insankamil iku, kang sakawan iku anyar, iya iku nyatane akyan kang sabit, nyata ing karijiyah.
43.Lakunipun akyan ingkang karit, anut lakune akyansabitah, ing ndalem ngelmi, nyata ing karijiyah, lakunipun iku, mangkana kadya ing kuna, nora
beda lakune akyan kang karit klayan akyan sabitah.
44.Sangunge martabat iku sami, kumpul nyata mring martabat insan, ya insankamil prenahe, tajaline Hyang agung, nggone nyata kumpulan sami,
wahdat lan wakidiyat, lan kang karit iku, jujuluk wal ngalimin ngalam, pakulpulan nggonira Hyang kang tajali, nyateng Nabi Mustapa.
45.Ingkang minangka uwit tajali, takyun awal kang akir atunggal, ing takyunsani enggone, miwah ing karitipun, kang minangka iku wiwinih, sakehe
ing asiya, umijil saking nur, minangka gedhing kastuba, pasenedan sagunge aksara sami, akumpul nur Mohammad.
46.Wiwitane sagung kang dumadi, iya iku ing Nabi Mohammad, wiwitan asiya kabeh, anut kang aneng ngelmu, dene ana arwahe Nabi, dadya iku wiwitan,
lahir ndalem ngelmu, ing martabat akadiyat, dadya ana wiwitan ing ndalem ngelmi, gantya Asmaradana.

Pupuh II
ASMARADANA

1. Wiwitan ingkang dumadi, saderenge jagad gumlar, Nur Mohammad wiwitane, ngandika Nabi Mustapa, wiwitan kang dumadya, iya iku enuringsun,
minangka asale janma.
2. Sakehe maklumat mijil, metu saking enuringwang, maklumat ing sakathahe, sakathahira kang awal, miwah kang lahir tunggal, tan ana ing
liyanipun, pan ingsun kalipahing Hyang.
3. Yogya samiya ngrawuhi, tegese martabat arwah, jisim kang latip arane, tan kena cinakrabawa, lawan netra kepala, miwah lawan tingal kalbu, tan
ana papadhanira.
4. Martabat misal puniki, yeku kang bangsa kuniyah, ingsun anane ing mangko, kang latip kang ora kena, nrimaha sapitedah, latipe apan puniku,
tan katingal dening netra.
5. Lan malih martabat jisim, iku ingkang anarima, sapitedah ing anane, kang kandel atumpah-tumpa, lawan satengah-tengah, mangkana ingkang
saestu, malihe martabat insan.
6. Pambaukaning tajali, kang bangsa iku Pangeran, insankamil ing nyatane, dat sipat asma afngal, nyateng martabat insan, aparek khakekatipun,
kumpul ing martabat insan.
7. Ing awal kelawan akhir, ingaken rasaning tunggal, dene iku ing anane, pangandikane Hyang Suksma, manusa rasaningwang, pan ingsun rasane iku,
kalbu mukmin kabeh tunggal.
8. Atine mukmin puniki, kang ngaken wismanireng Hyang, enggone tetela reke, mukarahnya ing Pangeran, dadya mangke waspada, datan ana dhirinipun,
pan kalindhih ing Nurullah.
9. Yata ngandika Hyang Widi, ingsun akarya manusa, karana Muhammad reke, lan sira karsaning nyawa, yen tan ana’a sira, nora andadekna iku,
sawiji-wiji manusa.
10.Tatkalane Kanjeng Nabi, mekrat maring ing datollah, sakehe martabat kabeh, wus nyata Nabi Mohammad, nyata ing ananira, anane Hyang Maha
Luhur, winastan loroning tunggal.
11.Risampunira kadyeki, den samiya ngawruhana, ing ananira Hyang Manon, satuhune wujuding Hyang ndarbeni hes sampurna, kakalih ingkang karuhun,
yeku sampurnane sadat.
12.Sampurnane dat sejati, angawruhi dhirinira, kalawan iku dhirine, ing ndalem dhirine dhawak, kalawan dhewekira, tan kalawan liyanipun, miwan
ingkang bangsa liyan.
13.Kaping kalih asma jati, ngibarat tajalining Hyang, ing dalem iku erohe, tingale ing dhirinira, tan ana kang mamadha, dat sipat lan
afngalipun, wus nyateng ndalem paesan.
14.Mangkana karit Hyang Widi, ing ndalem iku paesan, Maha Suci Hyang anane, tan kena den rupakena, lawan makam satunggal, tan kena winedhar iku,
kalawan takyunanira.
15.Maha Suci Hyang sejati, lamun tunggal apisaha, lawan kang anyar anane, miwah iku ingkang anyar, atunggal apisaha, kalawan kang Maha Luhur,
Maha Suci ananira.
16.Lamun ana’a Hyang Widi, dakil karit ingkang anyar, sayekti kalih jenenge, Maha Suci ananing Hyang, yen sipat mangkonoa, yekti ilang
isyanipun, iku lah wangsite Kitab.
17.Tatkala wus kasil sami, ing rasa akyan sabitah, myang karit iku anane, dadya sira ingayunan, lawan Pangeranira, dadya andulu-dinulu, ing
ndalem paesan tunggal.
18.Paesan iku kakalih sami, kang ngilo paesan tunggal, tan kalih iku jenenge, kang dinulu katingalan, pan iya iku tunggal, kang ndulu ingkang
dinulu, tan ana saweneh mulat.
19.Den becik sira nampani, atine paesan tunggal, kakalih sami angilo, ing ndalem paesan tunggal, iku ta dipun awas, aja kaleru pandulu, ing
cermin priyangga tunggal.
20.Pan wus angucap wong sangir, tatkala wus nyata sira, Pangeran iku anane, mangka ngawruhana sira, dudu sira Hyang Suksma, kapriye pilahe iku,
netepi kadya ing kuna.
21.Yen maksih sira ningali, angrasa sira makripat, tokid suhud ing Hyang Manon, maksih tan tumeka sira, iku sira kang samar, dene kelingan kang
ndulu, dene angrasa makripat.
22.Ya iku luwih ngalingi, angrasa luwih makripat, andulu ing Pangeran, Seh Jonet mangkya ngandika, ing ndalem fatkulmanan, adawikulira iku, ya
iku sirik kang samar.
23.Yen ayun tumekeng jati, aja angrasa makripat, anembah muji ponang wong, maring tingkah pari polah, anyana sira dhawak, ananging kalawan Hyang
Agung, ing satingkah pari polah.
24.Satengah wong ahlul supi, sira ayun tumekeng Hyang, anyirnakaken ponang wong, ing edat sipat apengal, miwah ing ananira, dadya kabuka wong
iku, tan liya ing kuna-kuna.
25.Nabiyolah mangkya angling, sing sapa weruh dhirinira, mangka wruh ing Pangerane, sapa weruh ing Pangeran, tan wruh ing dhirinira, kalingan
dening Hyang Agung, dat sipat lawan afengal.
26.Iku sampurnane tokit, kang tan wruh ing dhirinira, tan wruh ing liyane kabeh, wus karip ing makam baka, iku tokit sampurna, tan wruh sembah
pujinipun, amangeran lagi nora.
27.Yen eling-eling pribadi, sumaur ing dhewekira, akon kinon ing dheweke, amuji ing dhewekira, mangeran lagi nora, pan sampun dadi sakayun,
sampun weruh jatinira.
28.Sakehe sawiji-wiji, iya iku ananing Hyang, saking ing roh kakekate, yen nora saking takyun, liyan ing ananira, lir gendhis kalawan juruh, lir
ombak lawan segara.
29.Yen sampun wruh sadat jati, khakekat mohamadiyah, manusa iku jatine, ya Mohammad iya Allah, jatine iku tunggal, tan ana liyane iku, iya Allah
ya Mohammad.
30.Tatkala wus angawruhi, maklumat satunggal-tunggal, ing makam wahdat rasane, miwah makam wakidiyat, tanapi karidiyah, weruh tunggal bedanipun,
iku wong karip sampurna.
31.Sampune mangkono malih, den sami angawruhana, kang kaparek ing Hyang Manon, kalawan ingkang satunggal, karit nawawil ika, dadalan sun ta
puniku, karana amrih sihing Hyang.
32.Ingga tan ana ngawruhi, ing puji klawan panembah, sirna luluh panembahe, datan darbe polah dhawak, kagenten sipating Hyang, ya sipat Maklumat
iku, wus kerem ing sipatollah.
33.Pangandikane Hyang Widi, kalawan ingsun angucap, miyarsa lan ingsun dhewe, kalawan ingsun anembah, lawan ingsun asalat, kalawan ingsun
lumaku, lawan ingsun barang karya.
34.Kang kaparek lan nawawil, iku wong pana ing sipat, angawruhi ing sipate, kalindhih ing sipatollah, marga kalawan sunat, kang dhumateng ing
Hyang Agung, gumanti Sri Naranata.

Pupuh III
S I N O M

1. Ping kalih karit parilah, akarem ingkang sejati, tan weruh ing jiwa raga, Hisya tan ana udani, kalingan ing Hyang Widi, tan ana liyan kang
wujud, kalindhih ing Hyang Suksma, ing sagara tanpa tepi, sampun sirna kalingan sagara mulya.
2. Dadalan tekeng ngayunan, angawruhi wahdat jati, ing ndalem martabat wahdat, tan ana liyan sejati, mangkono ta ing mangkin, tan jumeneng
dhewekipun, mangkono ta ing mangkin, tan jumeneng dhewekipun, mokal jumeneng dhawak, mokale kang anyar sami, wus katutur ing rasa kitab di
mulya.
3. Ya iku mokale Hisya, jumeneng klawan pribadi, nora weruh dhirinira, Hisya tan ana udani, ing roh ing dhirineki, anging kalawan Hyang Agung,
mangkono pan mulanya, kalindhih ing wahdat jati, sampun tunggal ing tingal atunggal rasa.
4. Rasa tunggal agembolan, kang sinung rasa sejati, tan emut ing jiwa raga, tan ana liyan sejati, anging kang asung brangti, tan ana liyan
kadulu, dhirine katingalan, kalingan wahdat sejati, iya iku so’ale karit parilah.
5. Kang keparek kaping tiga, winastan Kaboasani, kang angumpulaken ika, kang kaparekan nawawil, ora kalawan tapsir, sampurna enggon kang luhur,
catur karibul atna, tertamtu Nabi sinelir, iya iku kang parek tanpa watesan.
6. Dedalan maring Hyang Suksma, luwih akeh iku mangkin, saking wiwilangan napas, dadalan maring Hyang Widi, kakalih ingkang warni, amengku
sagunging enur, tegese enur ika, dadalane ing munpasil, iya iku wahdat lawan wakadiyat.
7. Satengah wong ahlul wahdat, ningali maring Hyang Widi, ing ndalem hisya katingal, kale nora aningali, kalingan ing sejati, nanging Huang kang
Maha Luhur, tan ana kang katingal, liyane ingkang sejati, iya iku paningal ingkang satengah.
8. Tingal kang luwih utama, ningali maring Hyang Widi, ing ndalem hisya katingal, asiya iku ningali, ing enggon Hyang sejati, kalihe sami
andulu, iku tingal ambiya, lan suksma anuting Nabi, katingalan kalihe tan kena pisah.
9. Tan ngalingi ingalingan, kalihe katingal sami, amung kang para ambiya, tan kandheg maklum puniki, miwah ing kale iki, kakalih sami andulu,
maklumat lawan ekak, iku tingal kang utami, tan kalingan kakalih tan katingalan.
10.Satengah tedah ing wahdat, angandika Kanjeng Nabi, Panutan Nabi Mohammad, panguwasane Hyang Widi, lamun ana’a iki, andhawuhaken wong iku, iku
talining timba, den dhawahaken aneng siji, sayekti ana tetali timbaning Allah.
11.Nabiyolah angandika, kang sinung rahmat Hyang Widi, luwih bener ing pangucap, kang wus kasebut ing dalil, Kitab Lulbak mangkya ling, sakehe
hisya puniku, liyan saking Hyang Suksma, sadaya punika napi, iya ika tingale wong ahlul wahdat.
12.Den weruh tegese nora, napine sawiji-wiji, iku rohe dhewekira, priyangga ing ndalem cermin, napi ing roh pribadi, dat sipat afengalipun,
nanging anane ika, ingkang andarbeni iki, majanggeku angilo ndalem paesan.
13.Sirnane mayangga ika, ing Wali iku ndarbeni, mayangga iku den awas, sumektane wong kang supi, den grahita neng ngati, arungsit ujar puniku,
akatah wong kasasar, andalih den dalih malih, upamane lir ujah tibeng sagara.
14.Tegese Wali den awas, pangandikane Hyang Widi, kasebut ing ndalem Kur’an, satuhune Wali-Wali, Wali maring Hyang Widi, sakehe panggawe iku,
kang ndarbeni Hyang Suksma, dadya panggawening Wali, ala becik pan iku saking Hyang Suksma.
15.Dadya wong Ngarib tumingal, ing ndalem wahdat sejati, sakathahe kang gumelar, sadaya punika napi, iku tegese Wali, sakathahe gawe iku, tan
liya ing Hyang Suksma, amung tingale wong Ngarib, iya iku tegese Wali Pangeran.
16.Tegese Wali Pangeran, tegese kawula Wali, kawula iku kawula, Pangeran tan dadi kapti, balik iku Hyang Widi, kakekat Wali puniku, kawula
nggone nyata, kahananira Hyang Widi, ora mantra-mantra ing budi wicara.
17.Satengah wong ahlul wahdat, Seh Abuyajit mangkya ngling, pan iku ingkang anembah, amuji maring Hyang Widi, nulya grahiteng mami, anulya
mungguh katengsun, ing puji sembahingwang, sembah pujine Hyang Widi, tan ndhingini ing puji sembah manira.
18.Angandika Seh Mohammad, pira-pira iku dalil, kang atuduh maring wahdat, ing Kur’an miwah ing kadis, maring sembah wong supi, kang ora sun
tulis iku, angandika Hyang Suksma, ing Masrik miwah ing Mahrip, iya iku sadaya pan darbek ingwang.
19.Mring endi adhepira, mangkono dhateng Hyang Widi, tajali wus nyateng hisya, tetela nyata dumeling, dat sipating Hyang Widi, miwah ta
afengalipun, wus nyata ndalem hisya, kalakuwaning Hyang Widi, tan kajaba ya hisya kalawan sadrah.
20.Sing sapa ayun tan wikan, ing ngelmunira Hyang Widi, yogya sami ngguguruwa, ingkang sampun tekeng jati, ingkang tuduh ing margi, dhumateng
rasa Hyang Agung, dumadi lan sulaya, sarta pituduhing Widi, wruh ing rasa pan bangsa ngelmu Pangeran.

Pupuh IV
K I N A N T H I

1. Gitane gendhing winuwus, arsa anembang kinanrthi, apeksa akumawiya, melu lampahe wong singgih, wong anom tan wruh ing basa, peksa melu
brateng Widi.
2. Amila punuwun ingsun, dhumateng rehing Hyang Widi, mugi hamba pinaringan, pinanjang aneng donyeku, lan muga asunga berkah, supangat andika
Nabi.
3. Widada anut ing dhawuh, dhadhawuhira Hyang Widi, madhep manteptrusing manah, ngawruhi Hyang Suksma jati, awake kang kinawruhan, kalih warna
kathah neki.
4. Awake lahir kadulu, yen ayun tumekeng jati, aja na wong kang atinggal, ing sarak andika Nabi, lahir batin den kareksa, anut sarengate Nabi.
5. Laillah haillolahu, tinulis ing sanubari, wahuwa hisim jalolah, tinulis ing ndalem kapti, tinulis kalawan kiyas, lir mas warnanira tulis.
6. Aja sira lali ndulu, ing siyang kalawan ratri, iku kang gawe marga, tumeka maring Hyang Widi, aja na kandheg ing nama, den weruh kang darbe
hisim.
7. Hisim jalolah atuduh, ingkang andarbeni hisim, iku dat kang wajib kidam, kang langgeng kang Maha Suci, kang amor kang amisesa, salirira kang
dumadi.
8. Tatkala ajun andulu, ing hisim ingkang tinulis, lir emas gumilang-gilang, tinulis ing sanubari, aja nyana sira dhawak, ningali warnane hisim.
9. Andulu ingkang kadulu, warnane hisim ywa lali, aja nyana sira dhawak, ciptanen sajrone kapti, tumingal hisim jalolah, warnane nora ndheweki.
10.Aja nyana sira iku, nyana klayan kang sejati, lahire hisim jalolah, enur iku angebeki, amijil saking nurollah, anglimputi ing roh jisim.
11.Saengga wong sirna iku, tan ngawruhi ing roh jisim, miwah ingkang pujinira, tan weruh kawula Gusti, wus kerem ing makam baka, sagara tanpa
tepi.
12.Yen ayun oleh pituduh, ciptanen siyang lan ratri, pesunen dipun waspada, aja pegat aningali, mring ing hisim jalolah, ningali sawiji-wiji.
13.Satengah wong alim muwus, yen ayun tumekeng jati, den sami angguguruwa, mring gurunira sejati, poma ywa nganti kesasar, ngguguru mring setan
baring.
14.Ora tumeka Hyang Agung, kesasar ing dalem margi, tan oleh ngelmu kamulyan, tan weruh ing ndalem margi, tan tumeka ing Pangeran, tan oleh
ngelmu sejati.
15.Jeneng wong datanpa guru, tan antuk pituduh jati, tingale angurayangan, kesasar ing ndalem margi, lir pitik kelangan biyang, tan ana kang den
tutwuri.
16.Sampun oleh ing pituduh, tan kewran ing ndalem margi, akathah dedalaning Hyang, luwih akeh iku mangkin, saking wiwilangan napas, sadaya tuduh
kang jati.
17.Tan kandheg nggennya lumaku, yen antuk wisik kang jati, datan kandheg aneng marga, tumeka maring Hyang Widi, endi marga kang den ambah,
atuduh maring Hyang Widi.
18.Kan sampun oleh pituduh , tan kewran ing ndalem margi, wong Ngarib mangkya ngandika, yen ayun tumeka pati, yogya sami ngathahana, adhikir
maring Hyang Widi.
19.Sakehe dadalan iku, tan ngluwihi saking dhikir, kang maring dedalaning Hyang, tan ana iku madhani, luwih parek ing dadalan, kang tumekeng ing
Hyang Widi.
20.Yen ayun oleh pituduh, anut ngandikaning Widi, yen sira datan anuta, duraka maring Hyang Widi, aja pegat murakabah, wus madya saking ing
dhiri.

Pupuh VI
M I J I L

1. Tembang mijil anuwuhaken brangti, sakehing ponang wong, mirong-mirong mring ing sasamine, pra manusa kang samya dumadi, de tan wruh ing jati,
tansah andelamung.
2. Den waskitha wekasan dumadi, den weruh ing ngendon, yen leksana wuwus ing tengahe, yen anuta wekasan dumadi, lenaning taberi, ambabar
tekabur.
3. Tatkalane metu saking dhiri, tumekeng Hyang Manon, tan ningali maring ing dhirine, sirna luluh pan kadya ing nguni, liyane Hyang Widi, kang
aneng sireku.
4. Wong kang sampun tumekeng Hyang Widi, tan ningali kang wong, sembah puji amudji dhirine, wus kalindhih ing wahdat sejati, amuji-pinuji, ayun
wruh wong iku.
5. Kumpulane sembah lawan puji, puji wali koko, puji wali maring ing karsane, asung-asung pamujinireki, pamujine dasih, wangsul mring Hyang
Agung.
6. Luwih utama wong-wong kang dhikir, ayun tunggal kang wong, dhikir iku ing ndalem dhikire, tan angrasa anembah amuji, saking ing roh dhiri,
tegese wus kumpul.
7. Yen sampun wruh wirasating tulis, dadya wruh ponang wong, angawruhi maring sejatine, ingkang bisa ya iku Illahi, tan nana ngawruhi, maring
ing Hyang Agung.
8. Yen wus wruh jatine manungseki, mangkono ponang wong, sanjatane Mohammad jatine, datan samar puniku kang warni, pan nyata ing dhiri, myang
ing Nabi Rasul.
9. Yen sira yun tumeka ing jati, anut sira pakon, anyegahna sira ing cegahe, sira anuta ing srengat Nabi, ywa durakeng Nabi, miwah ing Hyang
Agung.
10.Pangandikanira Hyang Sejati, angucapna kang wong, lamun ana asihira kabeh, maring Allah ing anane ugi, mangko Allah asih, ngapura kang anut.
11.Aja anut wong iku kang dhiri, miwah ingkang katon, yen jumeneng lawan Pangerane, sakalire sakehing dumadi, pan tan andheweki, ing ananireku.
12.Aja nyana liyaning Hyang Widi, salire kang Katon, aja sira kleru ing lakune, kerem maring anane dumadi, kabeh iku sisip, salire kang tuwuh.
13.Muga antuk berkating Hyang Widi, tumeka’a enggon, wirasating tulis iku kaben, muga antuka pituduh.
14.Yen ambuka rasa kang sejati, anglampahi pakon, anjawekken ing Topah basane, kang sinurat jroning langen gendhing, antuka berkating, ing guru
saestu.
15.Sampun tamat kang Topah Mursalim, mengku rasa kaot, sakathahe ing wong supi kabeh, ngelmu rasa kang bangsa Rubani, sarta rapal neki,
pamengkune agung.
16.Miwah ngelmune kang bangsa supi, kemeng aneng njero, Kitab Mursalim kabeh isine, saking ngelmune kang bangsa Illahi, pan iku abadi, lire
Topah luhur.
17.Sakehe ngelmu Makripat Tokit, kabeh kang aneng jro, Topah iku wus kumpul murade, datan ana ngelmu kang ngluwihi, saking wirasating, ngelmu
Topah iku.
18.Muga antuk ngapuraning Widi, sakehe kang maos, awit saking nglampahi tuduhe, surasane Kitab Topah iki, salat Da’im pasthi, Allah-Allahu.

— @@@ —

Komentar

Postingan populer dari blog ini

SERAT JOKO LODANG

Gambuh 1. Jaka Lodang gumandhul Praptaning ngethengkrang sru muwus Eling-eling pasthi karsaning Hyang Widhi Gunung mendhak jurang mbrenjul Ingusir praja prang kasor Joko Lodang datang berayun-ayun diantara dahan-dahan pohon kemudian duduk tanpa kesopanan dan berkata dengan keras. Ingat-ingatlah sudah menjadi kehendak Tuhan bahwa gunung-gunung yang tinggi itu akan merendah sedangkan jurang yang curam akan tampil kepermukaan (akan terjadi wolak waliking jaman), karena kalah perang maka akan diusir dari negerinya. 2.Nanging awya kliru Sumurupa kanda kang tinamtu Nadyan mendak mendaking gunung wis pasti Maksih katon tabetipun Beda lawan jurang gesong Namun jangan salah terima menguraikan kata-kata ini. Sebab bagaimanapun juga meskipun merendah kalau gunung akan tetap masih terlihat bekasnya. Lain sekali dengan jurang yang curam. 3. Nadyan bisa mbarenjul Tanpa tawing enggal jugrugipun Kalakone karsaning Hyang wus pinasti Yen ngidak sangkalanipun Sirna tata estin...

KI AGENG SELO

Makam Ki Ageng Selo teletak di Desa Selo, Kecamatan Tawangharjo 10 km sebelah timur kota Purwodadi, Kabupaten Grobogan sebagai obyek wisata spiritual, makam Ki Ageng Selo ini sangat ramai dikunjungi oleh para peziarah pada malam jum'at, dengan tujuan untuk mencari berkah agar permohonannya dikabulkan oleh Tuhan YME. Ki Ageng Selo sendiri menurut cerita yang berkembang di masyarakat sekitar khususnya atau masyarakat jawa umumnya, diakui memiliki kesaktian yang sangat luar biasa sampai-sampai dengan kesaktiannya ia dapat menangkap petir. Ki Ageng Selo dipercaya oleh masyarakat jawa sebagai cikal bakal yang menurunkan raja-raja di tanah Jawa. Bahkan pemujaan kepada makam Ki Ageng Selo sampai sekarang masih ditradisikan oleh raja-raja Surakarta dan Yogyakarta. Sebelum Gerebeg Mulud, utusan dari Surakarta datang ke makam Ki Ageng Selo untuk mengambil api abadi yang selalu menyala di dalam makam tersebut. Begitu pula tradisi yang dilakukan oleh raja-raja Yogyakarta. Api dari sela diang...

SERAT HIDAYAT JATI

Wejangan ke-1 Ananing Dat. Sajatine ora ana apa-apa awit duk maksih awang-uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana dhingin Ingsun, sajatine kang maha suci anglimputi ing sipatIngsun, anartani ing asmanIngsun, amratandhani ing apngalIngsun. Wejangan ke-2 Wahananing Dat. sajatine Ingsun dat kang amurba amisesa kang kawasa anitahake sawiji-wiji, dadi sanalika, sampurna saka kodrat Ingsun, ing kono wus kanyatan pratandhaning apngalIngsun kang minangka bebukaning iradatIngsun, kang dhingin Ingsun anitahake kayu aran sajaratulyakin tumuwuh ing sajroning alam ngadammakdum ajali abadi. Nuli cahya aran nur muhammad, nuli kaca aran mirhatulkayai, nuli nyawa aran roh ilapi, nuli damar aran kandil, nuli sesotya aran darah, nuli dhindhing jalal aran kijab. Iku kang minangka warananing kalaratIngsun. Wejangan ke-3 Kahananing Dat. Sajatine manungsa iku rahsanIngsun lan Ingsun iku rahsaning manungsa, karana Ingsun anitahake adam asal saka anasir patang prakara, bumi, geni, angin, banyu. Iku ka...