Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari April, 2017

SERAT REREPEN

Karanganipun R.Ng. Ronggowarsita, Kliwon Pujangga Karaton Surakarta. G A M B U H 01. Barkate bumi mamprung, hardaning wong sangsaya andarung, datan kena tinatahan malah dadi ambyuk samya ambeg liwung, kadya wus karsaning Manon.ά 03. Ubale pakarti dur, sinirep ing puja ora mundur, kang pangajar pra sastraarja talak kardi, agama lebur kasingkur, ora paja dadi obor. ά 04. Rame arebut puluk, suwe-suwe saya saya ngrebut desuk, golek milik sing alane-alane abilahi, gegedug saja macungul, kang bandol saja mantongol. 05. Tyase wong saya kuwur, singa apes pepes dadya tawur, sugih miskin tyase banjur rontang-ranting, krana gumelare rukun, nanging kaya prang rerampon. ά 06. Karsaning Hyang Maha gung, kadi lagi kinarya pangugung, mring kang agung anggugu murkaning ati, marma sakeh tulak tanggul, guna bisa tanpa dados. 07. Malah muwuhi ewuh, warna-warna tuwuhing pakewuh, wahanane mung saya muwuhi sedih, saya akeh kang kapiluh, udan tangis jroning batos. ά...

SERAT JANGKA SECH SUBAKIR

PUPUH I ASMARANDANA — 01 — Karya penget genya nulis, supadya dadya tututunan, mring weka kadang wargane, tuwin antuka kang rahmat, timbang nganggur klekaran, becik ngleluri leluhur, caritane jaman kuna. — 02 — Sejarah para Narpati, kang mengku rat nata praja, tanah Jawa sedaya, mugi paringa nugraha, marang para kawula, tinebihna ing bebendu, kalawan ing ila-ila. — 03 — Mangkana purwani nguni, saka ing Kitab Musarar, binabar tembung Jawine, wiwit alam babu alam, dumugining kiyamat, pan saleksa wolung atus, donya lamine gumelar. — 04 — Jamane limang prakawis, kang dihin Ingaranan Tirta, nulya Karta kapindone, Dupara kaping telunya, Kaliyup ping sekawan, jangkep kaping limanipun, winastan jaman Sengara. — 05 — Tirta jaman ingkang dihin, saleksa warsa laminya, Karta kapindo jamane, namung wolung ewu warsa, ganti jaman Dupara mung nem ewu kawan atus, langkung sangangdasa warsa. — 06 — Jaman Kaliyup gumanti, para Mukminkas angira, kalih ewu warsa maneh, lawan saganga...

SERAT JANGKA RANGGAWARSITA

JANGKA RANGGAWARSITAN .I. JAKA LODANG, II. KALATIDA, III. SABDA TAMA, IV. SABDA JATI, V. KALITIDA PININGIT, VI. WEDATAMA PININGIT. _____________________________________ Ingkang ngimpun lan nyukani Centangan B.K. Cap-capan IV – 1961 Penerbit KELUARGA BRATAKESAWA Yogyakarta supaya pada emut amawasa mbenjang jroning taun windu kuning kono ana wewe putih gagamane tebu wulung arsa angrabaseng wedhon (“Sabda_Tama” pada 15) PRASABEN ANGGEN KULA ngimpun lan ngedalaken serat “jangka” punika, boten jalaran kula rumaos mangertos dateng suraosipun, utawi boten sumedya ajak-ajak dateng para maos supados anggilut, langkung-langkung ajak-ajak gegan-geganen tanpa panimbang lan panglimbang, punika babar pisan boten. Tancebing sedya kula namung ngrecangi memetri ingkang nama kasusatran Jawi. Kawuningana, para linangkung ingkang yasa jangka sakawit punika saged ugi asalipun saking tampi “ilham” ingkang dipun-alami salebetipun ….. sagebyaring kilat. Amila tangeh lamun s...

SERAT KALATIDHA

S I n o m 01 Winahya ring mangsa kala, mapan angeksi martani, prabawanireng bawana, sawahaning sakalir, kawawas wosing budi, riweding sarwa tumuwuh, tuwuh kataman ilham, mudar warnaning gaib, wong awerda kaweca wacananira. 02 Mangkya darajating praja, Kawuryan wus sunyaturi, Rurah pangrehing ukara, Karana tanpa palupi, Atilar silastuti, Sujana sarjana kelu, Kalulun kala tida, Tidhem tandhaning dumadi, Ardayengrat dene karoban rubeda.ά 03 Ratune ratu utama, Patihe patih linuwih, Pra nayaka tyas raharja, Panekare becik-becik, Paranedene tan dadi, Paliyasing Kala Bendu, Mandar mangkin andadra, Rubeda angrebedi, Beda-beda ardaning wong saknegara. 04 Katetangi tangisira, Sira sang paramengkawi, Kawileting tyas duhkita, atamen ing ren wirangi, Dening upaya sandi, Sumaruna angrawung, Mangimur manuhara, Met pamrih melik pakolih, Temah suka ing karsa tanpa wiweka. 05 Dasar karoban pawarta, Bebaratun ujar lamis, Pinudya dadya pangarsa, Wekasan malah kawuri, Yan pinikir sayekt...

SERAT JOKO LODANG

Gambuh 1. Jaka Lodang gumandhul Praptaning ngethengkrang sru muwus Eling-eling pasthi karsaning Hyang Widhi Gunung mendhak jurang mbrenjul Ingusir praja prang kasor Joko Lodang datang berayun-ayun diantara dahan-dahan pohon kemudian duduk tanpa kesopanan dan berkata dengan keras. Ingat-ingatlah sudah menjadi kehendak Tuhan bahwa gunung-gunung yang tinggi itu akan merendah sedangkan jurang yang curam akan tampil kepermukaan (akan terjadi wolak waliking jaman), karena kalah perang maka akan diusir dari negerinya. 2.Nanging awya kliru Sumurupa kanda kang tinamtu Nadyan mendak mendaking gunung wis pasti Maksih katon tabetipun Beda lawan jurang gesong Namun jangan salah terima menguraikan kata-kata ini. Sebab bagaimanapun juga meskipun merendah kalau gunung akan tetap masih terlihat bekasnya. Lain sekali dengan jurang yang curam. 3. Nadyan bisa mbarenjul Tanpa tawing enggal jugrugipun Kalakone karsaning Hyang wus pinasti Yen ngidak sangkalanipun Sirna tata estin...

SERAT HIDAYAT JATI

Wejangan ke-1 Ananing Dat. Sajatine ora ana apa-apa awit duk maksih awang-uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana dhingin Ingsun, sajatine kang maha suci anglimputi ing sipatIngsun, anartani ing asmanIngsun, amratandhani ing apngalIngsun. Wejangan ke-2 Wahananing Dat. sajatine Ingsun dat kang amurba amisesa kang kawasa anitahake sawiji-wiji, dadi sanalika, sampurna saka kodrat Ingsun, ing kono wus kanyatan pratandhaning apngalIngsun kang minangka bebukaning iradatIngsun, kang dhingin Ingsun anitahake kayu aran sajaratulyakin tumuwuh ing sajroning alam ngadammakdum ajali abadi. Nuli cahya aran nur muhammad, nuli kaca aran mirhatulkayai, nuli nyawa aran roh ilapi, nuli damar aran kandil, nuli sesotya aran darah, nuli dhindhing jalal aran kijab. Iku kang minangka warananing kalaratIngsun. Wejangan ke-3 Kahananing Dat. Sajatine manungsa iku rahsanIngsun lan Ingsun iku rahsaning manungsa, karana Ingsun anitahake adam asal saka anasir patang prakara, bumi, geni, angin, banyu. Iku ka...

SERAT RASA JATI

LUKITANING RASA JATI Rasa sejati pinangkanipun saking Gusti Allah. Tanpa rasa sejati, manungsa boten leres wonten ngarsaning Pangeran. PUPUH I ASMARANDANA 01. Rasa sejatinya jalmi, kanggonan rasaning Allah,sejati temen tegese,manungsa ingkang kanggonan, mring temennya Pangeran,darbe rasa jatinipun, marma Allah temen pyambak. 02. Wateknya rasa sejati, kalangen mring katemenan, sengsem mring kanyataane, den pilalah lara lapa, tan arsa karya cidra, sengit mring catur andlurung, trisna mring catur kang nyata. 03. Embaning sukma sejati, yaiku rasa kang seca,sukma suci pangiride, kang nuntun mring kataan, tan arsa tetepungan, mring pakarya ingkang luput, malalah mijil pamelahnya. 04. Pitulunging sukma suci, marang sejatinya rasa, ngrowangi karya sirnane, rasa kang ala punika, ingkang sengsem mring dosa, supaya uripnya iku, anut sejatining rasa. 05. Wong anut rasa sejati, kalangkung suka pirena, mring pakarya becik kabeh, nyegah mring pakarya ala, siyang la...