Langsung ke konten utama

SERAT REREPEN

Karanganipun R.Ng. Ronggowarsita, Kliwon Pujangga Karaton Surakarta.

G A M B U H

01. Barkate bumi mamprung, hardaning wong sangsaya andarung, datan kena tinatahan malah dadi ambyuk samya ambeg liwung, kadya wus
karsaning Manon.ά

03. Ubale pakarti dur, sinirep ing puja ora mundur, kang pangajar pra sastraarja talak kardi, agama lebur kasingkur, ora paja dadi
obor. ά

04. Rame arebut puluk, suwe-suwe saya saya ngrebut desuk, golek milik sing alane-alane abilahi, gegedug saja macungul, kang bandol
saja mantongol.

05. Tyase wong saya kuwur, singa apes pepes dadya tawur, sugih miskin tyase banjur rontang-ranting, krana gumelare rukun, nanging
kaya prang rerampon. ά

06. Karsaning Hyang Maha gung, kadi lagi kinarya pangugung, mring kang agung anggugu murkaning ati, marma sakeh tulak tanggul,
guna bisa tanpa dados.

07. Malah muwuhi ewuh, warna-warna tuwuhing pakewuh, wahanane mung saya muwuhi sedih, saya akeh kang kapiluh, udan tangis jroning
batos. ά

08. Wit durung prapteng wektu, sirna kanang jaman kala bendu, ing gendinge kang samya anladar budi, tetulung yekti tan wurung,
salah kadaden sayektos.

09. Ujare para pinunjul, ingkang kena kanggo tulak tanggul, amung kudu bisa ngedem edem ati, gumolong geleng gumulungi, nglakoni
karsaning Hyang Manon. ά

10. Nyenyirep hawa nepsu, amerangi kahardaning kalbu, nyantosani ing panarimaning ati, lan tumindah reh rahayu, dinasaran andap
asor. ά

11. Ing kono bisa nemu, kalis saking ruharaning kalbu, kombak-kumbul aluning budi, luwar saking kala bendu, antuk aksameng Hyang
Manon.

S I N O M

01. Kang jumeneng ping Dwiwelas, ilange Gupermen Walandi, sayuk sagung pra kawula, sahiyeg kapti, tumuju mring sawiji, angidep
satriya luhur, angidep rajabrana, mung alam ingkang den pundi, kirdiyating tiyas cipta ngesti janma. ά

02. Satriya dibya sunyata, wartanira nunggil kardi, wecanira para kuna, ing gumuk asalireki, ginondol ing dedemit, binongkok den
uwus-uwus, satemah bangkit wudar, cinolong wanara julig, pinilala kinalungan agni jenar.

03. Tan sirna malah kruraya, sang patut anggentur wening, ingampingan pra kawula, gegaman ludiro putih, ngrabaseng kang dedemit
medana wanara pingul, ing kana katemahan, banda-yuda siyang ratri, long-ilongan demit prang kawula nglawan. ά

04. Demite pada ampingan, keteke pating karalip, kawula saya santosa, kang katri mungkir jaladri anut lakuning alip, kang den anut
ing sang apuput, ngener para druhaka, ing siyang pantara ratri, caritanya udan sarik banjir batang.

05. Puluh-puluh kadiparan, pan wus karsaning Hyang Widi, lelakone nuswa Jawa manungsane kena sarik, bebendu gung ndatengi, tidem
tandaning tumuwuh, pantoging kang cintraka, yen samya anguntal alip, ciptanira lir wiku angesti tunggal. ά

06. Rarasira den pracaya, ngadeg ing gigiring alip, beda lan kang wus santosa, ilange budaya yekti, ronge tan amratani, gagapi
kapeksa luput, wartane pra sarjana, siriking paningal pasti, tataning rong lorone tetep warsita.

————————————————————————————————————————————————-
Kapethik saking Buku Serat Jangka Pandoming Agesang.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

SERAT JOKO LODANG

Gambuh 1. Jaka Lodang gumandhul Praptaning ngethengkrang sru muwus Eling-eling pasthi karsaning Hyang Widhi Gunung mendhak jurang mbrenjul Ingusir praja prang kasor Joko Lodang datang berayun-ayun diantara dahan-dahan pohon kemudian duduk tanpa kesopanan dan berkata dengan keras. Ingat-ingatlah sudah menjadi kehendak Tuhan bahwa gunung-gunung yang tinggi itu akan merendah sedangkan jurang yang curam akan tampil kepermukaan (akan terjadi wolak waliking jaman), karena kalah perang maka akan diusir dari negerinya. 2.Nanging awya kliru Sumurupa kanda kang tinamtu Nadyan mendak mendaking gunung wis pasti Maksih katon tabetipun Beda lawan jurang gesong Namun jangan salah terima menguraikan kata-kata ini. Sebab bagaimanapun juga meskipun merendah kalau gunung akan tetap masih terlihat bekasnya. Lain sekali dengan jurang yang curam. 3. Nadyan bisa mbarenjul Tanpa tawing enggal jugrugipun Kalakone karsaning Hyang wus pinasti Yen ngidak sangkalanipun Sirna tata estin...

KI AGENG SELO

Makam Ki Ageng Selo teletak di Desa Selo, Kecamatan Tawangharjo 10 km sebelah timur kota Purwodadi, Kabupaten Grobogan sebagai obyek wisata spiritual, makam Ki Ageng Selo ini sangat ramai dikunjungi oleh para peziarah pada malam jum'at, dengan tujuan untuk mencari berkah agar permohonannya dikabulkan oleh Tuhan YME. Ki Ageng Selo sendiri menurut cerita yang berkembang di masyarakat sekitar khususnya atau masyarakat jawa umumnya, diakui memiliki kesaktian yang sangat luar biasa sampai-sampai dengan kesaktiannya ia dapat menangkap petir. Ki Ageng Selo dipercaya oleh masyarakat jawa sebagai cikal bakal yang menurunkan raja-raja di tanah Jawa. Bahkan pemujaan kepada makam Ki Ageng Selo sampai sekarang masih ditradisikan oleh raja-raja Surakarta dan Yogyakarta. Sebelum Gerebeg Mulud, utusan dari Surakarta datang ke makam Ki Ageng Selo untuk mengambil api abadi yang selalu menyala di dalam makam tersebut. Begitu pula tradisi yang dilakukan oleh raja-raja Yogyakarta. Api dari sela diang...

SERAT HIDAYAT JATI

Wejangan ke-1 Ananing Dat. Sajatine ora ana apa-apa awit duk maksih awang-uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana dhingin Ingsun, sajatine kang maha suci anglimputi ing sipatIngsun, anartani ing asmanIngsun, amratandhani ing apngalIngsun. Wejangan ke-2 Wahananing Dat. sajatine Ingsun dat kang amurba amisesa kang kawasa anitahake sawiji-wiji, dadi sanalika, sampurna saka kodrat Ingsun, ing kono wus kanyatan pratandhaning apngalIngsun kang minangka bebukaning iradatIngsun, kang dhingin Ingsun anitahake kayu aran sajaratulyakin tumuwuh ing sajroning alam ngadammakdum ajali abadi. Nuli cahya aran nur muhammad, nuli kaca aran mirhatulkayai, nuli nyawa aran roh ilapi, nuli damar aran kandil, nuli sesotya aran darah, nuli dhindhing jalal aran kijab. Iku kang minangka warananing kalaratIngsun. Wejangan ke-3 Kahananing Dat. Sajatine manungsa iku rahsanIngsun lan Ingsun iku rahsaning manungsa, karana Ingsun anitahake adam asal saka anasir patang prakara, bumi, geni, angin, banyu. Iku ka...